Senin, 20 Februari 2012

Cerpen Bhs.Jawa NYEKAR


                        PESAWAT Lion Air Boeing 737 - 900ER nomer penerbangan JT 538 Jakarta - Solo  ndedel ngawiyat, ninggalake runway bandara internasional Soekarno – Hatta. Jam 15.05. Ateges take off telad setengah jam. Biasa, jam Indonesia! Gampang molor!
            Arum, anakku wedok sing lagi umur telung taun lan isih cemlewo iku katon gembira, criwis takon werna-werna karo nyawang kahanan ngisor liwat cendhela. Ibune nganti kuwalehan ngatasi. Pancen taksengaja, ben dheweke lungguh ing kursi pinggir cendhela. Dene Etty, sisihanku, ing tengah lan aku neng kursi pinggir gang tengah-tengah kabin pesawat nggo wira-wiri penumpang lan pramugari.
            Pisan pindho aku melu nyawang njaba. Pesawat sing nggawa penumpang watara 200an iki krasa terus mlesat munggah, durung patia ndhuwur. Ketara wit-witan, omah-omahan, kampung–kampung pating krempel, sawah–sawah lan dalan–dalan isih katon cilik – cilik cetha. Saperangan gedhe sawah–sawah kiwa tengene bandara wis dadi perumahan lan mal. Pantai wis akeh sing direklamasi, dadi alas beton, ekspansi pelabuhan, taman hiburan. Kahanan ibu kota katon saya padhet, rapet, sarwa ruwet lan macet mung katon lamat – lamat!
            Byar. . . Lampu–lampu ing kabin pesawat diuripne, tandha cuaca apik lan penerbangan aman. Pramugari sing ngobral esem nyurung kreta dhorong ngedhum kue lan minuman. Arum isih nudan–nuding mega–mega sing pating prenuk ngambang ing langit njaba. Wah, mengko yen wis tekan dea, mesthi srita ngecipris karo simbok mengko yen weruh putune saiki wis pinter ngoceh lan nyanyi. Eman, suwargi bapak ora menangi putune sing ayu menik – menik iki.
            “Kowe wis dadi sarjana ekonomi. Wis nyambut gawe ning pertambangan gedhe. Najan adoh neng Maluku, saben nem sasi oleh cuti sesasi. Saben cuti, rong minggu kowe neng kantor pusat Jakarta  mesisan karo seneng–seneng. Rong minggu tilik pak-mbok lan adhik-adhikmu neng ndesa. Penak tenan kowe . . .” ujare bapak biyen nalika aku isih neng pertambangan mangaan ing Pulau Doi, Loloda, Maluku Utara. Iku pas aku tilik mulih neng Ngawi.
            “Aku, mbokmu, wis seneng. Kowe wis bisa mbantu ngentas adhik-adhikmu. Ning kowe ya aja lali karo awakmu dhewe. Gandheng kowe wis umur, nek kira-kira wis ana pandhangan, apike ndang rabi wae. Maslah Ninik, adhikmu sing ragil kuwi, gampang. Dheweke ya kerep dikirimi mbak-mbak lan mas-mase liyane, kok. Wah, paling enak dheweke, ora repot soal biaya. Paling-paling ing setaun engkas Ninik ya wis lulus saka UNS . . .” grenenge bapak kebak pengarep-arep.
            “Nek kowe ora ndang rabi mesakne anak-anakmu mbesuk. Apa kira-kira sido karo cah Ngawi sing jenenge Win . . . Win . . . kae?” tambahe bapak disaut simbok, “Halah, genah wis putus ngono kok. Ora perlu ayu-ayu, sing penting pinter ngatur bale somah lan bekti karo wong lanang!”
            “Golek bojo ya kudu sing ayu lan manut. Ora ngeyelan kaya mbokmu kuwi! Hehe . . .”
            Dina-dina candhake, saben aku cuti tilik mulih, bapak lan simbok mesti ndheseg aku terus kon ndang rabi. Biasane aku ya mung nggah-nggih ngono wae kareben ora gela atine. Ning sejatine anggonku isih adhem-adhem wae iku merga durung bisa nglalekne Wiwin sing nate ngrumpaka salaksa langgam asmara ing dina-dina kawuri. Hm . . ..
            Tatu ing atiku lagi oleh tamba nalika aku ketemu Anna Solisa, nona manise kelairan Batu Gajah Ambon sing wektu iku dadi customer service sawijining bank suwasta nasional ing Ternate. Aku pancen bukak rekening koran ing bank iku luwih kanggo keperluan perusahaan. Ing kono margane aku kenal dheweke. Maune aku ngira, nona-nona Maluku iku: kriting, ireng, pesek, mbleweh, kan nggedabel. Jebul ora kabeh ngono. Sing keturunan perkawinan silang campuran antarane pendhudhuk asli, Timur Tengah, Cina, Portugis, Spanyol, Inggris, Landa, lan embuh unsur lokal liyane maneh, dadine ya insan global kaya Anna kuwi. Lencir kuning ayu mbangir sarwa eksotis! Ganda arum rempah-rempah Maluku duking uni pancen kober ngundnag maneka bangsa manca padha teka lan rebutan malah ngebrok ing laladan Zasiratul Muluk iku.
            Dhek jaman semana, saben wulan aku mesthi numpak kapal sedina-sewengi nyebrang laut Mauku sing biru nila endah nengsemake ngliwati barisan pulau-pulau kang elok sarwa merak ati, saka Pulau Doi ing pucuk lor Halmahera pinggir samodra Pasifik nyang Ternate. Kajaba perlu njupuk dhuwit gaji karyawan lan biaya operasional perusahaan ing bank ditransfer saka Jakarta, ngiras pantes refreshing lan nemoni Anna! Hm, iba endahe wektu iku. Mlaku-mlaku wong loro neng Taman Eva pinggir laut Selat Tidore utawa mangan ikan colo-colo lan nyruput air guraka ing Tanjung Ngade sinambi nglaras eloke Pulau Mairatawayah sore. Hm, rasane kaya mabur ing alam fantasi sing angel digambarake!
            Durung nganti kelakon mboyong prawan Maluku kaya kudange simbok,kesaru ana kerusuhan sosial perang paregreg versi tilas wewengkon Moloku Kie Raha iku. Ora mung Ambon lan Ternate sing njleput bubar mawut dadi karang abang usum bong-bongan lan paten-patenan. Pulau Doi uga kena imbase. Ana desa loro ing kono sing diobong nganti ludhes lan embuh pira nyawa sing mati muspra. Semono uga asset perusahan panggonanku kerjo, wiwit fasilitas dermaga, mess karyawan, mesin-mesin produksi, sakeh kendharaan lan alat-alat berat entek diobrak-abrik lan dijarah uwong!
            Perusahaan tambang mangaan panggonanku kerja kepeksa tutup ora iso operasi. Kabeh karyawan ditarik nyang dhaerah asale dhewe-dhewe. Mung keamanan lima sing isih jaga neng kono. Aku ditarik nyang kantor pusat, neng lantai 11 Nesitor Building, Jl. Senen Raya Jakarta Pusat sing adhep-adhepan karo Atrium Senen. Sesambunganku karo Anna langsung pedhot thel. Ora bisa takhubungi maneh. Apa dheweke dadi korban kerusuhan? Aku ora ngerti . . ..
            Watara setaun neng kantor pusat Jakarta, aku kenal karo Etty, mojong Periangan sing kerja neng Artistya Tour and Travel sing bukak kantor neng lantai 1. Najan perusahaan ing Maluku wis kocar-kacir, aku lan Pak Daddy sang Direktur Operasional isih wira-wiri Jakarta –Ternante-Pulau Doi. Kajaba ditugasi ngrampungake maslah perburuhan lan gaji karyawan, uga kerep ngeterne calon investor sing minat nggarap Pulau Doi maneh. Lha, saben pesen tiket peasawat ing travel lantai 1 mesthi Etty kuwi sing ngladeni. Biyen durung ana tiket pesawat elektrik sing bisa dipesen lan dibayar lewat internet kaya saiki.
            Suwe-suwe aku lan Etty akrab, kerep makan siang bareng neng food court Atrium. Nalika bapak (uga simbok) nggriseni terus supaya aku cepet-cepet rabi, atiku wis golong-giling pengenn nglamar putri Sumedang kuwi. Eman, durung nanti keturutan, bapak wis ndhisiki sowan ing ngarsaNe Gusti. Bapak seda sadurunge aku omah-omah karo ibune Arum. . .
            Ning . . . nong . . . Sawise watara sakjam mabur, pramugari ngumumne ora suwe maneh pesawat bakal landing neg Bandara Adi Sumarmo Solo. Kabeh penumpang dielikne supaya masang sabuk pengaman. Ora lali, Lion Air ngucapne sugeng tindak lan gunging panuwun. Aku sadhar saka lamunan. Jroning wektu pirang menit angen-angenku ngulandra adoh tekan ngendi-endi.
             Metu saka pintu kedatangan, aku dipapag Ninik lan anak bojone. Adhikku ragil iku saiki mulang ing SMPN Plupuh, Sragen. Dhik Diro, bojone Ninik mulang neng Universitas Muhammadiah Solo lan melu dadi aktivis lingkungan. Ninik uga wis duwe ana loro lanang kabeh, sing mbarep limang taun, adhike umur rong taun.
            “Mampir nggonku sik ora, Puh?” pitakone Ninik sawise acara kangen-kangenan.
            “Langsung bablas nyang omah Gembol wae, Nik. Muleh saka omah mengko, sadurunge ngulon, lagi mampir nggonmu karo mlaku-mlaku neng kutha Solo lan Yogya.”
            “Oya, Mbak Murni nyegat neng ngarep Rumah Sakit Sragen. Wonge wis nyiapne masakan rena-rena karemane Pak Puh, ben ora ngrepoti simbok neng omah,” sambunge Ninik sing glagate wis kompromi karo Murni, adhikku landhes sing manggon neng Blimbing, Sragen. Bojone mantan lurah. Saiki ternak sapi lan nggrengseng tani. Anake loro wedok isih padha kuliah.
            Nganggo Xenia ireng mobile Ninik, aku sarombongan bablas diterne nyang Ngawi. Murni lan bojone nggawa Terios metalik ngetutne neng mburi. Sadawaning dalan bocah cilik-cilik iku guyon terus rame banget nganti nalika Dhik Dira, ipeku, tekan Banjarejo banting stir kiri mlebu ngalor liwat dalan watu tengah alas jati sing saiki gundhul kayune dicolongi. Ninik lan Etty uga ngobrol terus nganti ora krasa mobil wis mlebu latar omah jaman cilikanku.
            Simbok kaget mbungahi negrti anak-putune padha teka tanpa ngabari sadurunge. Pancen sengaja gawe kejutan. Putune telu diambungi karo digendhong ngrembyong. Nganti seminggu aku sekeluarga nglaras neng desa kangen-kangenan karo simbok lan sanak sadulur. Ninik lan Murni dadi seksi wira-wiri. Simbok neng omah ijen, dikancani Wati anake tangga lor omahe. Sadurunge bali ngulon, aku sekeluarga merloke nyekar suwargi bapak neng kramatan kulon sekolahan. Banget nelangsa keranta-rante rasaning atiku dene suwargi bapak ora kober menangi anak lan bojoku sing ayu-ayu kaya kudangane biyen. Sawise padha ngebyuri kembang ing pusarane bapak aku mimpin donga, nenuwun marang Gusti Kang Murbeng Dumadi muga-muga arwahe bapak pinaringan papan kang kepenak ing sisihe Gusti. 

1 komentar:

Posting Komentar